Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kula hormati bapak/ibu Pembina, ingkang kula hormati kanca-kanca
anggota pramuka SMK . Langkung rumiyin sumangga kita dherekaken ngaturaken raos
puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat
saha barokah dumateng kula panjenengan sedaya.
Kepareng kula marak sowan ngadek wonten sakngajengipun bapak/ibu sarta
kanca-kanca pramuka SMP.. Awit kula ndherek ngregengaken lomba sesorah ingkang
dipun wontenaken saking panitia kegiatan pramuka.Sakderengipun kula matur
kathah, nyuwun agunging samodra pangaksami ing mbok bilih anggen kawula matur
ing sakmangke kathah atur saha lampah kawula ingkang mboten pinuju prana
dhateng sanggia para lenggah sedaya.
Saklajengipun kula kepareng nelakaken raos mongkok saha gumbiraning manah awit
wonten ing tahun menika kita sedaya saget kalampah ngawontenaken kegiatan kemah
pramuka wonten ing papan menika. Kita minangka peserta kegiatan rumaos
kaparingan ngilmu saha kesagetan saking para Pembina ingkang tentu migunani
sanget menggahipun pribadi lan umumipun dhateng sedaya anggota
pramuka.Langkung-langkung manfaat ing sak wancinipun kita sadaya geang wonten
ing masyarakat , amargi wonten ing kegiatan pramuka menika dipun ajaraken
gesang secara individu lan ugi kelompok social.
Sebab sakmenika wonten ing tengah-tengahipun masyarakat kaperdulen kangge
makarya secara gotong royong sampun wiwit luntur ingkang dipun tengenaken
kepentingan individu/pribadi nyingkur dhateng kerukunan guyup rukun.
Kegiatan pramuka menika salah satunggalipun kegiatan kangge gesangaken raos
keperdulen,kekeluargaan,guyup rukun , lan gotong royong . Mugi-mugi kegiatan
pramuka menika nggih saking purwa madya saha wasana saget kita migunani dhateng
kita panjenengan sedaya.
Akhiripun kita ucapaken”Selamat melaksanakan kegiatan,semoga sukses”. Mekaten
atur sklimah kula ndherek ngramekaken lomba sesorah ing wekdal
punika.Mawantu wantu tansah nyuwun bimbingan bapak ibu Pembina pramuka saha
kritikan ingkang membangun dhateng kawula pribadi saha kanca-kanca anggota
pramuka.
Kula ngakeni atur kula ingkang sungsang sarik tebih saking tata basal an
tingkah laku ingkang tebih saking tata krama mila tadhah deduka ingkang kathah
lan nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

0 komentar:
Posting Komentar